JAMAN
KOMPUTER
jamane wis sarwa komputer
akeh wong padha keblinger
rodha becakmu tetep munyer
sarapan sega pecel
jamana wis
sarwa mal plaza
uripmu
panggah nguler kembang
gethuk
tela pendhak rina
jamane wis sarwa supermarket
ing desamu pasar pendhak kliwon
dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon
golek bati sarepis adus kringet
jamane wis
sarwa satelit
pacul arit
panggah nggegurit
nggo
ngrabuki jagad alit
jamane wis
sarwa edan
lanang ilang jalere
wadon ilang wanitane
lanang ilang jalere
wadon ilang wanitane
Geguritan
Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung
"gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné geguritan ing kéné,
ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
- Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
- Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
- Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné tembang.
Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudaké karya kang sipaté
pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang
ana sajroné pikirané pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang
dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basané katon éndah, bisa
migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané. Geguritan iku duwèni
nilai- nilai utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik.
marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara- ukara
geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka téma,
pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika lan majas. Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan
iku éndah lan enak kawaca.
- Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
- Menthes yaiku tembungé duwé makna kang jero.
- Éndah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
- Tembungane pilihan
Wujud
kasusastran
Minurut wujudé, kasusastran kuwi
jinisé ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan lan drama (sandiwara). Kang mbédakaké kateluné yaiku wujudé. Kasusatran prosa
utawa gancaran awujud paragraf, kasusastran geguritan kuwi awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara
awujud dialog (pacelathon).
Tuladha
wujud geguritan
Yèn Rembulane Moblong, Paman
Dening I. Kunpriyatno
yén rembulané moblong, paman
aku kangen sanja menyang plataranmu
nggelar klasa sangisore wit gayam
jejadhuman karo ngematké swarané
bocah – bocah sing padha dolanan
yèn rembulané moblong, paman
aku kangen ngrungokake gumelegeré
guyumu
sanadyan sawah lan tegal siji mbaka
siji ilang. Sanadyan anak lanang
milih ngumbara ing paran
suthik ngopèni lemah warisan
yèn rembulané moblong, paman
aku kangen nyekseni marang
keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan.
Ngadhepi
owah – owahané jaman. Kaya watu
karang
sing ora nate gigrig nantang
jumlegurè
alun ing satengahé wahudayan
Penjebar Semangat;Nomor 50. 12
Desember 2009
Geguritan
Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung
"gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné geguritan ing kéné,
ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
- Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
- Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
- Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné tembang.
Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudaké karya kang sipaté
pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang
ana sajroné pikirané pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang
dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basané katon éndah, bisa
migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané. Geguritan iku duwèni
nilai- nilai utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik.
marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara- ukara
geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka téma,
pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika lan majas. Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan
iku éndah lan enak kawaca.
- Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
- Menthes yaiku tembungé duwé makna kang jero.
- Éndah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
- Tembungane pilihan
Wujud
kasusastran
Minurut wujudé, kasusastran kuwi
jinisé ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan lan drama (sandiwara). Kang mbédakaké kateluné yaiku wujudé. Kasusatran prosa
utawa gancaran awujud paragraf, kasusastran geguritan kuwi awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara
awujud dialog (pacelathon).
Tuladha
wujud geguritan
Yèn Rembulane Moblong, Paman
Dening I. Kunpriyatno
yén rembulané moblong, paman
aku kangen sanja menyang plataranmu
nggelar klasa sangisore wit gayam
jejadhuman karo ngematké swarané
bocah – bocah sing padha dolanan
yèn rembulané moblong, paman
aku kangen ngrungokake gumelegeré
guyumu
sanadyan sawah lan tegal siji mbaka
siji ilang. Sanadyan anak lanang
milih ngumbara ing paran
suthik ngopèni lemah warisan
yèn rembulané moblong, paman
aku kangen nyekseni marang
keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan.
Ngadhepi
owah – owahané jaman. Kaya watu
karang
sing ora nate gigrig nantang
jumlegurè
alun ing satengahé wahudayan
Penjebar Semangat;Nomor 50. 12
Desember 2009
PITUTUR
TANGIS
Yayi……
Enggal usapen luhmu
Sing tansah tumates
Nalika jantraning lakumu
Kudu ngliwati dalam rumpil
Sebab
Geguritanalam wis tansah
Ngelingake kewajiban uripmu
Sing kudu tansah kaayati
Aja
kesuwen sedih
Mudhak ora prayoga
Mangertia
Sedih iku sejatine
Uga rahmat
Yen titi wancine kebungahan teka
Sliramu bakal sumurup
Makna tumetesing luh
Yaiku tangis sing kudu tansah
Ngiringi sekabehing manungsa
Ing sadengah mangsa
Nalikane lagi seneng
Utawa rikala susah
|
Sega
kenduri
Ngger, anakku aku dak kondho
Coba di rungu lan di rasa
Delengen sega kenduri iki
Biyen dadi pangab kang siji
Nalika bapak isih bocah
Sega iki tansah di rayuah
Merga jaman larang upa
Ora saben dina muluk sega
Beda karo saiki
Sega kenduri ra di ajeni
Mangka sega iki mberkahi
Di wenehi kanti ikjlasing ati
Mula ya ngger ….
Sega iki ojo di enggo dolanan
Yen pancen gelem ayo di pangan dene yen gemang
pasrahma liyan
Kareben sega iki di pangan
|
Apa maneh
sing mbik lari
Apa maneh sing mbok lari, sumitra
Lakumu kadhungsangan nunjang palang
Kamangka pendhut ampak-ampak wis sumilak
Sedheng swara suling wis bali ngrangin
Gegojegan karo sumiliring angina
Apa maneh sing mbok lari, sumitra
Jangkahmu balapan nyangking gorehing ati cengkah
Wiring lamun dinuwa tan katut ajuning jaman
Sawengan langit bang wetan wis rerampak
Bali minyak lungiting pagedhongan
Kamangka kelahiranku lan kelahiranmu, sumitra
Tinengeran jenang abang tinapel welat
Senajan ing dhewasaning panjangka iki
Tan kaprungu prasapa nalika ketemu
Nanging ati kadhung rinegan sumpah prasetya
Mbuka regol baluwarti, ngancik cepuri
Banjur apa maneh sing mbok lari?
Kita wis nyekseni:”amin”
|
Ilir-ilir
Kabeh manungsa
Kabeh janma kangnurip’mesthi
Tekan papan kuwi
Ora ngerti rama
Ora ngerti biyung
Ora ngeerti anak bojo
Ora ngerti putu
Ora ngerti embah
Ora ngerti sadulur
Ora ngerti awake dewe
Kabeh sarwo putih
Samara
Kumleyang
“pesthi gusthi”
|
Kawruh
Sairing kodrat kang tinon mripat ,
Apa dene kang tan kansat mata
Kabeh tumindak miturut sipat
Garis angger-anggering jagad raya
Wit lumrahing janma neng jagad
Tan sepi anane para sarjana
Rina lan wengi tan kendhat-kendhat
Marsudi angering tribawana.
Sarana pakarti lawan samadi,
Sanatyasa ngetog mangulir budi,
Wohing pamardi tinnatata titi.
Ginelar ing kandha sarwa teteh
Murih gampang katampa akeh
Murakabi uripe janma kabeh.
Ing sihing gusti
Mitra aja uwas atimu
Nadyan neng tepining jurang
Weteng-weteng sing muntir ora dipikir
Ati ngedap ngelingi urip sesuk
Lan saya badhege jaman edan
Sokna atimu mitra
Ing sihing gusti
Ing sihing gusti
|
Anakku
Ngger
Lumrahe akunesu, rikala sliraku miyak wadiku
Wadiseng saksuwene iki dak gegem kenceng
Tumiyung nggubet kenceng ing weten lempeng
Papantentrem kanggo ngloloh
Trahing getih bakal bakal batih
Katresnanku mring sliramu satuhu
Kadya iling samodra ombak ing udaya
Apak-ampak ing arga sumilir samirana
Satya ing sesanggeman
Sakjane aku kepingin lumayau kudra murina
Rikala sliramu ngrintik nggonku dadi wong tuwa
Wong tuwa kurang daya kurang pambudidaya
Yen nyata akulirwa iku dakdhadha
Lirwa mring trahku getihku batinku
Kepinging dak jlentrehake kabeh lelakoniki
Nanging aku wis ora kuwawa
Mbendung ambrohing ing dhadha
Sing wis suwe dak gawa dakempet dak candhet
Supaya ora tumiba ndankap isi sukma
|
Tema 2
KATRESNAN
Kanggo
sliramu
Kanggo sliramu
Rembulan kang nangis ing kamar sepi
Kanggo sliramu
Srengenge mati ing cakruk parondhan
Kanggo sliramu
Rahina kang kalangan mustikane prawan kencur
Kanggo sliramu
Wengi kang nyekseni palnyahan mbukak beha
Kanggo sliramu
Maesan kang nampani komisi lan pungli
Kanggo sliramu
Bumi kang ngajangi badhut-badhut tetopengan
Kanggo sliramu
Jagat kang kabotan nyangga laknat
Kanggo sliramu
Pangangen kang ngganduh ati selingkuh
Kanggo sliramu
Kanggo
Sliramu
Sliramu
MU…
|
Karo aku
Bebarngan sliramu
Mecaki dian-dian kebak puspa
Lan warna
Prasasat tanpa ana rasa ngelak lan
luwe
Ora ngerti, sedhela tekane esuk
marani sore
Wewangunan kang awake gawe
sakloren
Wis katon endah
Sanajan during ngerti kapan
bakal dadi
Daksawang netramu
Angel anggonku…..
|
Lintang-lintang
lintang-lintang
abyor ing tawang
cumlorot
sliweran nalika alihan
kumleyang
mencok ing socamu asihku
cahyane
gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge
atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang
alihan
cumlorot
telu ana pundhakku
kawitan
lintang abang lintang perang
kapindho
lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan
lintang kumukus lintang kadurakan
(Suharmono,
Jaya Baya. XXXI, 1977:26)
Hayu ning
bawono
|
SEDYAKU
Wis,
Jeng...
Aku
sumeleh
nyelehake
pangarep-arepku
marang
katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen
nyatane amung semene
cunthele
lelakonku...
Pepenginku
tansah sumandhing
lan
nresnani sliramu
kudu
dakprunggel
sing luwih
wigati, Jeng
donga lan
pengestumu wae
tansah
mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik
njembarake pikir
nggayuh
kabegjan
mring ati
lan katresnan satuhu
tan ora
binagi ing liyan
sempurna
ing guritan siji...
|
Wayah esuk
pedhut angendanu
Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate
mlaku ana dalan kene
Saklawase ora nate ketemu
Saliramu lan saliraku wus bedha ora kaya biyen
nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut
wayah esuk
Wus ojombok tangisi lakon kang wus kapungkur
Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut
warna ireng putih
Ing dalan iki rong puluh tahun kapungkur
Ana cerita rinajut endah
Dik, kala saliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana dhuwur kae
Ana teja manther ing sela-selaning gegodhongan
Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir
gedhene
Saiki aku lan saliramu linambaran rasa kangen mu ana
impen
|
Tresnaku
Ing jero atiku…
Aku ngrasa sepi
Saiki tresnaku lunga
Kangge nggoleti angen-angen
Aku kepingin tresnaku
Cepet bali kanggo nglepasake
Kabeh kasepen
Aku nyadari tresnamu tresna asih marang aku
Aku nyadari aku ora bias
Urip tanpa tresnaku
Aku ingin kene
Wis mulih
Ono ing trersna
Kang abadi
|
Suwalan
Yen dak
kandha
Sliramu
kejem
Mesti wae
ora gelem
Nanginging saben dinadiraga iki nyandhang
Kaya ngaba pinggeting ati
Sliramu pancen wenang
Kepara menang
Nanging apa ora kelingan
Rikala semana
Bandawasa arep ngayunake kenya Jongrang
Jongrang, apa kang kok sedya
Mesti wae dak sembadani
Mingka tenda tresna marang sliramu
Naging saiki
Sliramu bias kandha
Aku ora ana rasa tresna marang dheweke
|
Banget
Tresnaku
Aku dudu srengenge
Nagging akubisagawe anget awakmu
Aku ugo dudu pelangi
Nagging aku iso menehi rupo nag uripmu
Aku ugo dudu embun
Ning atimu aku bisa gawe sejuk ing atimu
Aku dudu bintang-bintang
Ning aku bias gawe sumringah ning bengimu
Aku ugo dudu banyu bening sing mili
Nanging aku bias gawe sejuk atimu
Aku dudu sore sing asri
Nanging aku bias gawe tentrem ing atimu
Aku mung kepinging siji….gawe seneng atimu
|
Pangajab
Atimu kang wiwit mara selehna ing dhadhaku
Atimu kang wengis mara tumpangna ingtanganku
Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka
Ing tanganku tumentes anyesingbanyusih sutresna
Angina bengi angining pangayoman
Maranyendhak ing samubarang tumandhukmu
Oriya kang tansah ngulandara
Ing kene ana halte pungkasan
|
Karo Aku
Bebarengan sliramu
Mecaki dina-dina kebak puspa
Lan warna prasasat tanpa ana rasa ngelak lan luwe
Ora ngerti-ngerti, sedhela tekane esuk marani sore
Wewngunan kang awake dhewegawe sakloron
Wis katon endah
Sanajan during ngerti kapan bakal dadi
Dak sawang netramu
Angel anggonku
|
Dewi
Asmara
Angina wengi iki
Alus tumiyub, angusap buana
Ombak segara gegojekan
Kadya kita kang lagi
Lelumba ing kidung asmara
Nagging kuwiamung gegambaran
Kang sengara kanggo kenyata
Amarga yen sinawang liyan
Aku iki mung pindha
Bantala rengka, kang mung bisa
Nganti-anti tetesan embun ketresnaan
Amung bisa sumarah, nyenyuwun
Kapan baya sirah wanodyan kersa
Kadya Dewi Asmara
Kang bakal nyuntak embun ketresnaan
Bebrayan nganti entek ing jaman
Anging wengiisih tumiyub
Ombak segara isih gegojekan
Aku isih nglangut nganti-anti
Kapan tekanmu Dewi Asmara
|
Wayah Esuk
Pedut Angendaku
Rong puluh tahun kepungkur aku lan slireamunate mlabuana
dalem kene
Saklawase oranate ketemu
Seliramulan sliraku wus bedaora kaya biyen nalika
isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isihsumrebak mgebaki pedut wayah
esuk
Wus aja mboktangisi lakon kang wus kapungkur
Wus pirang wayah ketigatak lakoni nganti rambut
warna ireng lan putih
Ing dalan isih rong puluh tahun kepungkur
Ana cerita rinajut endah
Dik, kala sliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana dhuwur kae
Ana teja manther ing sel-selaning gegodhongan
Lan lintang panjer wengi isih kari sakmenir gedhene
Saikiaku lansliramulinambaranrasa kangen
Simpenenkangenmuana impen
|
Tresna
Daluwarsa
Oo… Kenya, Kenya manis
Esemmu kang kumanthil ing layung sore
Ngiringake soroting mripat klarap-klarap
Nyawang aluning rasa
Tumumplek sak jembaring segara
Setemah prabaning sunar surya kekunduran
Manjalma paes ageng, sigra ngrias ayuning pasuryanmu
Kadyo widodari nelik sandhi
Oo… Kenya, kenya timur
Kang during ilang pupuk lempuyang lan gandaning
kencur
Panjaluku tulus mring sliramu
Becik dirampungi anggonmu agawe runtik ‘ing ati
Amarga dalanku kang nate tumata
Wus banget kebacut dawa
Iki wanci kari manganti
Tedhak ‘ing kreta titihan
Lakuning sukma misowan
Prapto ingkang Kagungan
Oo….. Kenya, kenya…….!
Rasa tresnakuwus kadaluwarsa
|
Alun-Alun
Bojonegoro 1982
Aku ora ngerti karepmu nimas
Apa atimu ora kabukak kanggo prasetya
Panggrahitaku kadhung tumangsa ing penyawang
Malika aku midak planaran kang kapisan
Pinpag praspa kang ngranuhi
Kairing esem ginicu manda-manda
Banjur ringing kurung kang aweh paseksa
Rinane manuk-manuk greja kang gegojekan
Rikalane rembulan kang mlangkir panging plamboyan
Kalong lan cohot padha regejegan
Ing kabeh wengi
Wis kawurit
Nalikane aku aweh salam “ Kula nuwun “
Aku ora kuwawa njajagi sedyamu, nimas
Apa mangsa kang nguyak kadhewasanmu
Nalika aku bali aweh prasapa
Wedhak pupur pratandha gorehing ati
Nguyak jaman nutup wiring
Amrih tan sinengguh mungkur ing palagan
Kuwatir kalamun kapontal tiningal mangsa
Aku ora kaduga miyak wanara ing dhadhamu
Plataran bawera dadi nguwara bera
Nabet ing jangkah kang samplah
Njarem ing pangangen kang nglangut
Swara nguwuh nyangking pitakon
Ing ngendi kepribadinem ?
Dinaikisaiki
Nalika dak tanpa salam pangiring “Sugeng tindak”
|
Tema 3
KESUSAHAN
Sukma Lelana Gugat
Angin kang
mabur kekiteran ing duwur samodra
Sasat
tanpa leren ngobahake banyu
Iwak gede
iwk cilik padha gumregah
Jumedul
sak dhuwure ombak
Ilang
swara mlebu ing akasa
Prau-prau
lelangan ngoyak playune angen-angen
Kanthi jal
lan jarring saka sutra
Obor
thathit lan lintang
Sambung
sinambung ing wewagunan jagad
Tepake
isih katon cetha ing garis tangan
Prasetya
lan prasapa ngumbara
Dadi omah
urang lan kewan segara liyane
Lumaku
|
Swara Ing Batin, Swara Ing Asepi
Pancen ora
kaprungu panjerit
Apamaneh
tangis kang ngranuhi
Nanging
ing dhadha ana pangrasa
Swara ing
batin, swara ing asepi
Pedhut
nggameng ngemuli padesan kendeng
Ing
sela-selaning piyandel lan pengarep
Keteg
jejantung kang isih binujung
Tangan kadhung
jimpe kanggo kumlawe
Geger
wungkuk nggendhong mbenteyoting sesanggeman
Kanthi
tanpa keprungu esthinig batin
Sedeng ing
lahir esem pineksa napag rembulan
|
Cobaning Urip
Jroning
urip aku nate ngalami
Lelakon
kang gawe ngunguning ati
Ana swijining
paraga
|
Ing Atiku Ing Atimu
Lakumu
gegancang nyamuk angina sumilir
Nasak
pategaraning kidung pagedhongan sundha
Ningal
tipak-tipak getih kelahiran
Tanpa esem
pangiringin ning geulis
Tanpa
ulemin wirama kethuk tilu
Tan melu
getering tangkubanprahu-galungung-guntur
|
Embuh
Wengi saya
atis
Sensaya
pepet
Mamring
Mbatiri
ati
Ngempil
Napaki
impen kapungkur
Kadhaluarsa
Kang
beksan
Saajroning
netra
|
Gung Sewu
Ing
dhadhaku
Watu-watu
gamping , suket lemuran
Jangkah
semplah ing rendualas
Nalika
Irah isih setya ngingit jun
Ngundang
beningin tlaga kuning
Gumandul
urip lan panarep-arep
Ing
dhadhaku
Luweng-luweng
amba alun watu karung
Dudu
meneping ati kedlarung
Nalika
irah ngucap sumpah
Wiwt
nyawang rembesan udan gaweyan
Pencolotan
ing dhuwur punthuk gegayuhan
Ing
dhadhaku
Angina
ketiga pepasihan karo krikil-krikil putih
Kembang
alang-alang methik ing pengimpen
Nalika
Irah nggelar sesanggeman
Gumumg
sewu wiwit
Nglilir
anggone turu
Sempoyangan
nggendhong kluwung rahina
|
Tema 4
KEBUNGAHAN
Ngoyak
Doro
Rame-rame
ngoyak doro mabur muluh adhuh
Nusup
slineming mego-wan
Alok-alok
playune keandhung-sandhun tobil
Sarange
dewe ucul
Jroning
gupon akeh piyeke
Nora kopen, kontrang-kantring
Akeh kang kabandhang gupane katon koplang
Jebule, sakabehe, melik sarwa mala kang dudu methine
Amburu kucung, kelangan dheleg
Mrih
tentremen bebrayan, urip ingkang prasaja
|
Marhaban
Ya Romadhon
Langit
pasrah
Ngutapake
mungkure sasi ruwah
Ana rasa
tentrem
Nadyan
rewbulan during mesem
Angina
aweh sasmita
Getering
rasa bungah
Mecaki
dina-dina kebak barokah
Marhaban
ya romadhon
Pasrah,
sumarah
Lelandhesan
iman lan taqwa
Njaga
santosaning batin
Ngliwati
kamar-kamar proses
Kamar pasa
Kamar
teraweh
Kamar
tadarus
Kamar
iktikaf
Kamar
sodagoh
Dina-dina
tanpa kedhat ing panuwung
Lumunture
lumut-lumut dosa
Karang
siniram sihing gusti
|
I N G S U N
DENING : JAROT SETYONO
Ingsun asal saka kedadeyane sarine bapa lan ibu
Campuh dadi suwiji, tan mesthi dadi ingsun
Ingsun sawijine dluwang putih
Putihe banyu segara
Segarane kang pinunjul, kang kabuncang ing jembare
mega
Ingsun dudu geni, genine kabungahan
Kang nedya ngobong putihe dluwang-dluwang putih
Ingsun lair kadidene paraga, paragane ndonya
Ndonya padhang gilar-gilar
Gumebyar nembusi peteng ampak-ampak
Ingsun dadi bageyane ndonya
Kang tansah dijaga, diemban
Dening ibu bumi bapa angkasa
Kakang kawah adhi ari-ari
Ingsun mlaku urut rumpile kawah
Kawahe kang ndhepani candhala,
Golek slamet lair tumuse batin, batine kayu jati
Lan ingsun bangsane godhong
Kang ngrembayong, kopat-kapit katiyup angin
Kabuncang mega, megane panguripan ing alam padhang
Ingsun kepengin leladi, leladi kanggo gunung
Gununge kasampurnan, sampurnane panguripan
Dadi tumbale kautaman,urut lakune kabagyan…
|
Aja Diparengne Yen Aku Nangis
Anggitanipun: Madagumilang
Aja diparengne aku nangis. Merga kelaran, apa tatu
awakku. Merga trenyuh, apa nelangsa nyawang kabungahan. Merga yen ngono, luh
kang tumetes mung ateges kanggo nelesi cengkare ati. Nalika durung diwaca
donga kebak panyuwun, kang keconggah ngluwari ringkihe urip iki.
Saya suwe saya krasa kuwi kabeh ngisin-isini.
Aku wis janji, kepengin ngrengkuh saben-saben
sesenggukanmu kuwi ngrungkebi dhadhaku. Ya ben keprungu ta obahe
jantungku. Terus mengko bisa melu-melu meruhi punjere semangatku nggayuh
kautamane bebrayan lan maelu ing kasengsarane liyan. Mula, aja diparengne aku
nangis mung kerana nggetuni kabeh reruwet iki.
Saya suwe saya krasa kuwi kabeh ngisin-isini.
Nanging, mbuh pancen wis pesthiku, udan luh kang
netes ing lingsir wengi, bakal nyuburake tanduran niyatku sujud ing ngarsane
Gusti Ingkang Maha Mirsani.
|
Penganten Anyar
bujang prawan janji nglamar
urip bareng kulawargan
gethok dina niat besan
nyebar uleman maring kadang
gawe jenang masang tratag
janur kuning depasang ngarep lawang
urip bareng kulawargan
gethok dina niat besan
nyebar uleman maring kadang
gawe jenang masang tratag
janur kuning depasang ngarep lawang
spiker nggenthoar calung campur sari kanggo hiburan
aweh ngerti khajatan wis demimiti
wong kondangan nyangking tromol ndilir nuli
para sinoman peladen sandhangane seragam rapi
nyambut tamu kakung putri
aweh ngerti khajatan wis demimiti
wong kondangan nyangking tromol ndilir nuli
para sinoman peladen sandhangane seragam rapi
nyambut tamu kakung putri
nyunggi baki isi pacitan jenang wajik apadene utri
meja njacrah nderet toples isi roti
sohibul khajat bungah ati
mesem guyu karo nyobati
mangga sami dedhahari
meja njacrah nderet toples isi roti
sohibul khajat bungah ati
mesem guyu karo nyobati
mangga sami dedhahari
sobatan kangge panjenengan sami
besan teka gawa jodang isi panganan
bakal penganten dandane mloes pisan
besan teka gawa jodang isi panganan
bakal penganten dandane mloes pisan
sing wadon lambene menter-menter
sing lanang maras deg-degan raine menger-menger
pengulu teka penganten ngijab
sing lanang maras deg-degan raine menger-menger
pengulu teka penganten ngijab
rampung ngijab terus jejer
tumpeng ingkung neng meja ander
swasana bungah rame-rame
deselingi campur sari lewih maen
tuku suweng maring pasar
pasar klewer ana undar
paling seneng penganten anyar
bubar jejer udar-udar
tumpeng ingkung neng meja ander
swasana bungah rame-rame
deselingi campur sari lewih maen
tuku suweng maring pasar
pasar klewer ana undar
paling seneng penganten anyar
bubar jejer udar-udar
penganten sekalian mesem guyu
semu isin kambi para tamu
lingsir wektu adicara jejer penganten rampung
para tamu sami kondur
gari para ladhen keduman beres-beres
semu isin kambi para tamu
lingsir wektu adicara jejer penganten rampung
para tamu sami kondur
gari para ladhen keduman beres-beres
sing duwe khajat mlebu senthong
sumbangan numpuk segebong
atine monggok rasane plong
bojo laki cengar cengir dikut beresi
decarik-carik ndarik-ndarik
sumbangan numpuk segebong
atine monggok rasane plong
bojo laki cengar cengir dikut beresi
decarik-carik ndarik-ndarik
benang lawe semune mulur
pethilane degawe kasur
baranggawe tamune elur
bubarane akeh sedulur
pethilane degawe kasur
baranggawe tamune elur
bubarane akeh sedulur
jingkat jingkut pengantene mlebu senthong
mambu wangi kembang mlathi
rasa kesel wis deliwati
atine deg-degan arep dewiwiti sing endi
mambu wangi kembang mlathi
rasa kesel wis deliwati
atine deg-degan arep dewiwiti sing endi
jagong amben delang deleng ting pentheleng
sing lanang manthuk sing wadon dingkluk
ngemek bathuk keliru kupluk
bareng nylinguk sing wadon kesikut
dengak maning murug tengkuk
sing lanang manthuk sing wadon dingkluk
ngemek bathuk keliru kupluk
bareng nylinguk sing wadon kesikut
dengak maning murug tengkuk
ati medhedheg arep kesuh
bareng tangane decekel mlirik rikuh
pipine desun rasane alah mbuh….
bareng tangane decekel mlirik rikuh
pipine desun rasane alah mbuh….
lampu listrik degeyang geyong
aja brisik mbok ana wong
lampu listrik deuthak athik
ngesun sethithik krasane asik
aja brisik mbok ana wong
lampu listrik deuthak athik
ngesun sethithik krasane asik
siki wis rinaket tali nikah
janji sekeloron pati urip dadi sumpah
penganten anyar babar tresna
buktekna agine gendhakan
kepenginane sepirang-pirang
janji sekeloron pati urip dadi sumpah
penganten anyar babar tresna
buktekna agine gendhakan
kepenginane sepirang-pirang
gayuh umah tangga sing kepenak
sakinah mawadah wa rohmah
urip mulya ketrima gusti allah
ora srakah sing penting brekah
sakinah mawadah wa rohmah
urip mulya ketrima gusti allah
ora srakah sing penting brekah
buang runtah godhonge dhamar
damar loro kayune mubah
angi bungah penganten anyar
bukak kadho isine grabah
damar loro kayune mubah
angi bungah penganten anyar
bukak kadho isine grabah
swasana umah rampung khajatan
sing rewang umbah-umbah grabah
sinoman rampung kari resik-resik panggung
barang silihan debalekna kabeh
besan kondur nyangking brekat
bapa biyung bungah due mantu anyar
sing rewang umbah-umbah grabah
sinoman rampung kari resik-resik panggung
barang silihan debalekna kabeh
besan kondur nyangking brekat
bapa biyung bungah due mantu anyar
jangan beweh debuntel klaras
kanggo lawuh madan enak
baranggawe olih akeh beras
olih mantu tambah anak
kanggo lawuh madan enak
baranggawe olih akeh beras
olih mantu tambah anak
Tema 5
PERJUANGAN
Wijining Prahara
Angina
tumiyu mlebu ‘nyang selku
Awak krasa
anget sakojur bebayu
Kaya arep
ngrangkul lan mbisiki
Pakunjaran
iki sajatin perjuangan
Wangigandane
kembang asar sore
Mbarengi
segering angin ngidid
Dadi p=E9
ranganin prahara gedhe
Sing tan
kena kinaya-ngapa
|
Jakathole
Aku iki
pangumbara saka sambrang kidul
Ing medura
ngupaya luruh agung
Tumuju
marang jangka sejarah
Klawang jangkah
angarah candi madu repolusi
Aku iki
turnmu tunggal bumi
O,
Jakathole pecutmu nggugah semangat
Siniram
amis getih papa anjerit kataman duhkita
Jakathole,
aku entuk waris teguhing jiwamu
|
Fragmen Wengi 30 Septenber
Pendhut
nggembuleng ing jaba
Ngliputi
wengi 30 september
Grimis
tiba tanpa swara
Gegodhongan
gumeter
Pendhut
nggumbuleng ing jaba
Nglipati
ing wengi 30 september
Ing kamar
wengi sliramu wiwit crita
1965
tumekaning saiki : o, wewadi kawi
Pancen wis
lawas sinengkar
Grimis
teka tanpa swara
Gegodhongan
gumeter
Sapa sing
dumadakan pawitan lunga
Gegancang
miyak kahanan sing tansaya peteng
Pedhut
nggembuleng ing jaba
Grimis
tiba tanpa swara
Ing kamar
wengi sliramu kaca-kaca
Lirih
memuji mugi-mugi sakabehe dhendam bakal sirna
Grimis
tiba tanpa swara
Gegodhongan
gumeter
Pedhut
nggembuleng ing jaba
Ngliputi
wengi 30 september
|
Alas Kobar
Swaraning
geni ngalad-alad
Gumuntur
saka pegunungan
Kadya
banjiring lahar
Tumurng
arsa anggulung
Pethithing
thathit alas kobar
Dadi dahana
ngamuk mulad-mulat
Gunung
sawah tegalan kabranang
Banjur
tumurung ing pedesaan
Tambah
gede koring geni
Keblat
papat lima pancer
Salemba
dadya neraka
Segara
geni kinebur
Pating
clorot platiking geni
Saka
pedesaan dadya dedami
Saka
padepokan dadi sesuluh
bareng
murup dadi siji
ana ini
ayo hing
ana ini
ayo bring
tambah
gede kobaran geni
arsa
ngrampungi angkering berhala
ing
pesetran ganda mayit
kadhote
sang banaspati
maharaja
sewuka jayakarta
ana ini
ayo hing
ana ini
ayo bring
|
Lintang-Linting
Lintang-linting
abyor ing tawang
Cumlot
sliweran nalika alihan
Kumleyang
mencok ing socamu asihku
Cahyane
gumebyar gilar-gilar
Ing
telenge atimu sliramu tansah dakatu
Lintang-linting
alihan
Cumlorot
telu ing pundhakku
Kawitan
lintang abang lintang perang
Kapindho
lintang mirunggan lintang kamanungsan
Pungkasan
lintang kumukus lintang kadurakan
|
Tema 6
KAURIPAN
MANUNGSA
Eklasna
Eklasna aku lunga biyung
Sanadyan ing dhuwur angite katon mendung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangi ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran ora bakal mati amarga ngelih mumpung isih
esok
Kanthi pangestu ingkang panumpuk-numpuk
Gunung lawu lan semeru mung kathon sepunthuk kabeh
bakal taklangkahi
Senadyan kudu nasak kebondhotan eri
Aku lunga perlu makarnya
Ora mung angon kebo ing ora-ora sandyan aku
ngerti
Lan ijeh kudu nganggo gambar Jendral Sudirman
sakethi
Sugeng enjeng bapak biyungku
Sugeng enjeng desaku
Kang tansah kinemulan langit biru
Eklasa dina isih bias ketemu
|
Kakung
Kakung iku
sirah
Jronning
omah
Nagging
ora seterus gagah
Bias wae
karep kalah
Gumatung
blajang
Kang
lumintir
Bias
ndadilir
Kang
jenenge sirah bias tanpa daya
Teklak-tekluk
kaya pithik thelo
Kekuwatane
ora gumatung gulu
Yen
kapenggok anggone turu
Isih
kaosran karo mripat
Yen
ngantuk nuwuhake ora mbangkat
Kang
jenenge sirah gampang kalah
Yen sirah
gampang bundhas
Seje
ndendhas sepur
Bias maju
bias mundur
Nggotong
gerbong spirang-sepurang
Ora tau
sabat ora kuwagang
|
Kesisih
Mlipir-mlipir golek dalan pinggir
Merga tengah kebak mala bludak banjir
Jebul malah sida kesingkir
Seka golagate urip sing dhoyong kentir
Penggine nguyak becik nadyang sethithik
Ngupaya apik najan dadi wong cilik
Ning kok malah akeh sing serik
Jare merga mbedani, ora rempeg ora becik
Hla wong cilaka kok ajak-ajak
Kulak mala nganggo golek bala
Kaya malaikat bias didemo wae
Lakone nuwantara kok saya aneh
Menawa sambat ora pantes
Yen ora sambat ning ati nggrantes
E… kadang-kadang sing krungu swaraku
Mung nyumbat sembur kanggo nyambung sedulur
Nadyan wae padha-padha keblasuk ing paran
Melu rembug urun omongan
Ayo bali ngunduh dhuwuhe sepuh
Dimen nuswantara tetep utuh
Niswantara bakal kuncara yen nanungsane
Pada tumata
Nuswantara tetep digtaya yen wargane taat agama
|
Beda
Wis
sawentara aku nampa suwalane
Jare merga
pradondi kedawa-dawa
Nganti
ketula tula tekan seprene
Iya…..pancen
manungsa duwe pikiran
Duwe ati
kanggo nimbang kahanan
Duwe rasa
kang bias nating
Mula ran
mokal yen panggraitane beda
Iku pancen
pepestine Kang Nggelar Jagad
Nanging
siji sing gawe runtikan nalarku
Wong-wong
kuwi kok padha ribut
Cucuh-cinucuh
tudang tuding
Yen liyane
salah, yen liyane owah
Glinsir
saka tuntunan, ora mnut aturan
Owal saka
pathokan
Dhuh Gusti
Allah kula nyuwun sabar
Tinebihna
saking golong sasar
Tinebih
saking golongan ingkar
Kula ingin
nderek para nabi, para wali, para kyai
Sinaosa
asring dipun paidho teng rindhoi-rindhoi
Jare boten
duwe dasar
Ngandake
kukum dhewe tuwin ingkar
Kula
nyuwun sabar
|
Gunung
Regetan
Saben kutha wis dadi gunung regetan
Jlaran urip manungsa saya edan
Blanja sepisan kanggo sewuan
Kulkase gedhen-gedhenan
Weteng uga kebak bangke
Ambune saya baabn bae
Lawuh ara tahu tempe maneh
Sajroning mangsa saiki
Urip apa bae jar ewes dadi wadi
Susu lan madu wes di gawe adus
Paedahe jare kulit padha alus
Mula banjur ana gunung regetan
Ning kabeh kutha dhuwur-dhuwuran
Banjur ujug-ujug longsor dadi kuburan
|
Geguritan
Kok siran
esem ing tatumu
Kokanam
parih dadi cekil
Guyune
simbah-simbah di gangu putu
Wewarah ditentoaken ing runtuki-serik
Sepi gendhong
Lawang-lawang tumengo amba
Angina omber sesliweran
Srengenge kesidhem segara
Cakrawala nyawiji ombak
Kasimpen ing dlakupan
Angina ngobahake gegodhongan
Menehi kalodhangan suket
Kena tresnane srengenge
Gegujumu oikat jroning lena
Penglagut
njelma wewayangan
Kok
ngrujugage kebegjan
Ing tatune
dina-dina
Wong-wong
nganam impen
Esem
jroning sepi wengi
|
Tema 7
PAWIYATAN
Ron Garing
Wengi sensaya atis
Kang digawa dening angina
Prasasat tan kendhat
Anggonku kulak warta adol prungu
Ananging isih mamring
Aku wis pingin cecaketan
Obormu kang mekantar-kantar
Madhangi jankah lan jagatku
Ana ngendi papanmu
Lelana tapa brata
Tanpa pawarta tanpa swara
Aku kadya ron garing
Kumleyang kabur kanginan
Ing jagad peteng lelimengan
Krasa luwih abot
Anggone aku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora matep
Kagubet ribet lan ruwet
Adoh saka cahayamu
Pedhut ing sakindering pendulu
Panjenengan
Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati
|
G U R I T
gurit mung papan kanggo istirah kayadene gubug cilik ing tengah sawah ing antarane kemreceke manuk emprit ngonceki gabah gurit mung papan kanggo istirah kanggo sayah apa kanggo kang makarya wegah gurit mung papan kanggo istirah kayadene gubug cilik ing tengah sawah ramerame mbakar jagung nyadhong wangsit gendhakan dhedhemitan gendhakan karo dhemit dhemit gendhakan ing gubug cilik ing tengah sawah gurit mung papan kanggo istirah tembungtembug ukaraukara padha sayah sawise dirodhapeksa diajak nyebarake dora apuskrama lan pitenah gurit mung papan kanggo istirah |
MARANG SAWIJINING GURIT
Lan aku kelingan marang guritmu Gurit sing ora tak ngerteni maknane Kejaba sawijining parikan, sawijining sanepan Sing kebak rasa kapang Lan rasa panuwun, Marang urip Lan sang Hyang Ning saiki sakwuse pirang-pirang abad Ngumbara. Dumadakan banjur krasa kaendahane Sing mbujuk lakuku Nuntun atiku Sedheku. Ing ngarepE Dening:Arief Mulyarto |
Jagoku
Jago kluruk wayah esuk mawa tengara kang tidhem premanem pangribawane sumrambah ngebaki donya kalane jago padha kluruk lan kodhok padha ngorek kena wae aku lank owe bebarengan ngimpi jago kluruk wayah esuk nyimpen greget kang ora nglokro ngemu pangarep arep kang isih dawa yen bakal ana dina padhang trawangan nanging nalika klambi dhines tumemplek neng awak ing kono wis dudu impene wong turu ngelingana jago sing tansah kluruk maweh semangat kang ora bisa nglumpruk kajaba sesanggeman abot kang sumandhang amrih wujud impene masyarakat sing butuh pangayoman Kalane jago padha saba ing kono kelingan kabutuhane warga Saiki jago padha kerig ngumpulke tenaga klambi dhines kang sumebar sanegara ing kene diwaca pira ajine jago kang padha kluruk aja pisan kumalungkung kaprayitnan elingana negarmu durung aman isih akeh bangsa kewan galak kang ngelak daging getihmu Suwardi |
TAPEL WATES
Dudu prakarane langit nalika lintang nangis Dudu prakarane bumi nalika angina kakipa Awit saben donga wis ngerti dalan lan wektune Uga kudu aweh wektumarang hawa nyaring kamursidan ing antarane lebu ireng Ora gampang ngener ampang Lan butuh dawaning tekad lan kencenging pambudi Nganti doyan marani pati! Sanggar imajiner,Agustus 2005 |
G U S T I
Karya Davit Harijono gusti, aku wis kaweden wengi iki kaya wengi – wengi sadurunge nalika adzan wis ilang lan langit wis ganti gambare widadari wis ilang swarane gusti, wis kewirangan saiki impen – impen sengit sing kokparingake sasmita – sasmita lungit sing kokbeberake ing papan lungguhku anget dening kringet pating clekit tinggimu gawe ora jenjemku gusti, apa isih ana kalodhangan raiku wis kaku dening sakeh dedosa sing bakal walaka mobah mosiking tangan lan sikilku wis ora bisa dakduwa mbabar crita wingi uni ing mangsa rembulan ndadari aku tinggal glanggang gusti , pasaku dadi saya sepi sepa adoh saka swaraning darus lan tekdhur iku mung dadi klothekane wong kampong ngoyak ndruwo mung liwat bolonganing atiku malah akeh sing padha lungguh medhingkrang masang pangilo burek ing sangareping dhapukan padha rerasan urip iku tata liar apa arep nggayuh sampurnaning batin yen sanggan iki dadi abot tekan mbun mbunan? ora riyayan ora gatelen. Klambi wingi isih sedheng yen geni ing pawon kae ora murub, apa arep kokgrujuk banyu? |
Tema 8
SESAWANGAN
Ombak
Nalika
ombak peplayon
Oyak-oyakan
nututi gisik
Ing gisik
ombak pecah
Mung kari
unthuk-unthuk
Kang kari
Ana ing
nggalarahe wedhi
Nalika
panjangkan peplayon
Ngoyak
din-dina
Sapa kang
ngremet dadi reribet
Keyong-keyong
kesuntak ombak
Ing segara
amba keharak-harak
Ora ana
papan kanggo kang sarwa rendhet
Pelayune
dina tansaya gegancangan
Nututi
wewayangan
Senajan
ombak kang ngoyak gisik
Ambyar
dadi wedhi
Mung
unthuk-unthuk
Kang paweh
tengara
Tilase
ombak segara
|
Ngudal
Rasa
Tansah
kelingan
Nalika
banyu ombak molak-malik
Setengahi
segara
Parangtrtis……
Dak sawang
blarak ngawe-awe ijo royo-royo
Katan
bungah Lan sumringah
Esem
nggugune
Sawetaran
mripate mandeng
Kaya
bengok nyeluk aku
Kaya
njaluk pitulujngku
Aku meneng
Karo
mandeng wit klapa iku……..
Ana apa ?
Kretege
atiku tak cedhaki wit klapa iku
Lho…!!!
Krambile
entek dipangan kwangwung!!!
Atiku
miris weruh kahanane
Aku nangis
jejere dheweke
Ora tega
Nyawang
wit klapa, muda
Kari
blarak tanpa klapa
|
Angina
Angina
kekitrang
Ing
pnggransange kahanan
Gagadhan
sesliweran
Mumbul
aksara
Kumleyang
Lebu-lebu
Dlesep ing
dlakupan
Nyamur
pendulu
Apa-apa
kang sinawang
Katon
klawu
Sapa krasa
rerindhu
Nganti
mbecucu
Uwuh-uwuh
mumbul
Ing muleke
angina
Bareng
labu-labu
Ing
kaca-kaca TV
Dadi
pawarta
Kang padha
nonton
Kekhitrang
nggejug jogan
|
Siji suro
Wit-witan
jumedul saka angkasa
Manake
warna godhong lan who-wohane
Kebakakasarakang
wis ditulis
Bias
diwaca lan ora bias diwaca
Kadhang
katon kadhang ora
Gumanthung
padhnging netra
Banyu
segara maleh dadi seksi
Kanthi
cahya kang madhahi
Kita
adamakna
Tan ana
kang keri
Tan anakang
keliwatan
Kacathet
ora bakalilang
Mbulan wis
katon ngilo
Nggawa
dluwang resik tanpa aksara
Kumleyang
sak dhuwure sirah
Mabur
sakparang-paran
Angiteri
jagad
|
Wengi
Ngati adoh
kasepen nggiwet donya
Dikembangi
sunare rembulan tanggal tuwa
Dumelung
nglangut asu mbaung
Wengi
sensaya liwung
|
Petengeng
Wengi
Sumirit
anginngelus langit sore
Manuk
sritil bali ing pucuk cemara
Nagantitekaning
wengi sing nyenyet
Gawang-gawang
katon pasuryanmu
Gawetambah
kekesingangin sore
Tumlawung
rasa kang ngulandara
Wengi
bakal tumeka maneh
Bareng
karo wawayanganmu
Kang bakal
ngebaki impen petenging wengi
Lumaku
turut petenging lurung
Bakal
gawang-gawang campur karo mega-mega
Apa kudu
tak buwang bareng karo lumingsiring wengi
|
Supitan
Bali
Ombakkocak
kiplak-kiplak
Prau layer
milir alon alesu
Nangkodha
gita ngiyak-giyak
Lelagon
lagu seru keprungu
Plampung
kampu lkompal-kampul
Pindha
anak lunjak-lunjak
Suka surak
girang gumuyu
Weruh
bapak mbopong iwak
Lapu-lampumenara
kelap-kelip
Netrane Raden
Batrang Dewi Suranti
Laut iki
supitan Bali
Patemone
kebudayaan Jawa Bali
|
|
Bagikan :
artikel
- Pengobatan Gangguan Keseimbangan ( Vertigo ), telinga dan kepala
- ringkasan materi agama kelas 12 semester 1 sampai 8
- Adil Atau Gak ya hukum di INdonesia??
- 14 februari apakah hari itu?????
- sebuah perjalanan sahabat
- Tips untuk mengatasi dan menghindari Hack atau Penipuan
- biologi enzim katalase
- DEfinisi CINTA
- Manfaat Iman Kepada ALLAH SWT
- masa depan bumi jika matahari berevolusi
- tips mempeercepat download
- cara membuat presentasi tampilan nuansa flas player
- Tips Lulus SNMPTN 2012
- tips menghadapi ujian dan tes
- SEJARAH INDONESIA
- Dukung indonesia dalam seagames 2011
- Sumber daya Alam Indonesia
- tips membuat file PDF menjadi DOC
Tidak ada komentar:
Posting Komentar